Pidhato Basa Jawa Isra Miraj


Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh

Ingkang kula hormati kyai Mahfud Daryono
Para muslimin wal muslimat saha para rawuh sedaya ingkang mboten saged kula sabat setunggal mboko setunggal ingkang kula hormati.

Sederengipun kawula matur minangka panitia pengetan Isra’ Miraj Nabi Muhammad SAW, mangga kita sareng – sareng ansah ngunjukaken raos syukur Alhamdulillah hirobbil’alamin wonten ngarsanipun Allah SWT. Ingkang sampun paring pinten – pinten kanikmatan dhumateng kita sedaya katitik ing dinten menika kita sedaya saged makempal manunggal silaturakhim ing ngriki ngrawuhi pengetan Isra’ Miraj Nabi Muhammad SAW tansah pinaringan rahayu wilujeng mboten wonten alangan setunggal menapa.

Kawula minangka panitia, ngaturaken agunging panuwun dhumateng para bapak sah ibu ingkang sampun paring bantuan awujud enapa kemawon satemah saged nglancaraken pengetan Isra’ Miraj menika.

Kawula kaliyan kanca – kanca ngaturaken agunging panuwun dhumateng para bapak saha ibu pejabat ingkang sampun paring izin palilah kangge ngawontenaken Isra’ Miraj
 Matur nuwun sanget ugi kula aturaken dhumateng kyai Mahfud Daryono ingkang sampun rawuh supados maringi pangandikan wontenipun pengetan menika.

Dhumateng para rawuh kakung miwah putri sedayanipun, kula aturi hanyekecakaken anggenipun lelenggahan ngantos paripurna adicara menika.

Kawula minangka panitia paengetan menika sampun kula rancang, kula racik nanging tasih wonten cewet saha kekiranganipun ingkang saged ndamel kirang ing pengggalih dhumateng para rawuh sedaya, antawisipun anggenipun papan palenggahan, suguhan, saha sanes – sanesipun, mugi panjenengan sedaya kersa paring pangapunten dhumateng kawula.

Cekap semanten saha mekaten atur kula minangka panitia, mbok bilih wonten kirang saha khilaf kula nyuwun pangapunten sak ageng – agengipun.

Wassalamualikum warahmatullahi wabarakatuh 

Komentar

Postingan Populer