Cerkak


SALAH KIRA
Ing Jl. Sumbedo nomer 32, ana bocah kang lagi dolanan bal – balan ing latar omahe karo bapake. Ing dalan kasebut uga ana wong 5 kang lagi nyambut gawe yaiku mas Agus, pak Subyo, mas Bowo, pak Darwan, lan pak Suyitno kang lagi nggawe omah .
Bocah kang lagi dolanan bal – balan mau jenenge Hirman, bocah iku ora gelem meneng babar blas. Saben dina kagiatane namung bal – balan wae. Yen ora dolanan bal – balan, kagiatane nonton bal – balan ing TV utawa nonton Tendangan Si Madun ing MNC TV. Saben dina isine mung bal – balan wae, nganti ora jeleh.
Wong tuwane nganti ora bisa nglarang anake sing enom dewe iku dolanan bal – balan amarga Hirman seneng banget karo bal – balan uga jalaran Hirman iku wong kang gampang nesu yen dikandhani wong liya.
ŒŒŒ
Sawijining dina jam 3 sore, Hirman bal – balan karo kancane ing lapangan. Kelompoke Hirman nglawan kelompoke Faiz. Wis telung prapat mainan, uga durung gol. Jalaran mangkono kuwi, 2 kelompok mau padha saingan kanthi ngos – ngosan. Nugroho saka kelompoke Faiz  ngrebut bal saka Hirman kanthi ngos – ngosan.
Lan asile, Nugroho bisa ngrebut bal iku lan langsung mlayu kaya jaran tumuju ing gawange kelompoke Hirman kang dijaga kiper kang jenenge Waluyo. Nanging bal sing digawa Nugroho mau bisa dibrabat Hirman tanpa mbuwang tenaga kang akeh. Bal mau langsung digawa mlayu lan ditendang Hirman ing gawang lawan.
“Tendangan Macan TUTUL”, bengoke Hirman nggango gaya kaya ing ‘Tendangan Si Madun’.
“Gayamu ki lho Man!”, kandhane Nugroho.
“Yo ben to, apik kok!”, wangsulane Hirman.
“Gayamu ki ora sembodo karo tendanganmu Man, ora mlebu gawang lan bisa tak cekel kanthi gampang”, kandhane kipere kang jenenge Ryan kanthi ngece Hirman.
“Mboh, yo ben to karep – karepku, opo urusanmu?”, wangsulane Hirman sinambi nesu.
“Aku ki mung ngandhani, ngapa kowe nesu?”, kandhane Ryan.
“Ahh, mboh”, wangsulane Hirman kanthi lunga ninggalake kanca – kancane.
***
Sawise Hirman lunga, Nugroho, Waluyo, lan kanca – kanca liyane uga padha mulih. Nanging ing perjalanan mulih, padha mampir ana ing warung bu Dul. Ana ing warung bu Dul padha ngerumpi werna – werna.
“Cah, hirman ki kok gampang nesu yo?”, pitakone Ryan.
“Wis suwe!!”, wangsulane Waluyo lan Nugroho bebarengan.
“Lha wong tuwane kepriye yo cah? Opo betah ngandhani Hirman? Lha wong mung dibeda wae nesu”, terange Ryan.
“Ho’o, mbiyen ibune ki ngidam opo yo? Kok anake nganti koyo mangkono”, kandhane Nugroho.
“Huss, aja ngono kuwi ngomongke kancane dhewe iku ora becik”, kandhane Faiz.
“Inggih mas Faiz . . . , karo kanca kok apikan banget to Iz Iz”, kandhane Waluyo.
Dina Senen Faiz, Waluyo, Ryan, lan Nugroho padha sekolah, nanging beda karo biasane Hirman ora bareng karo kanca – kancane amarga isih nesu karo kanca – kancane jalaran wektu bal – balan wingi.
Ana ing sekolahan uga ngono, Hirman ora ngruruhi kanca – kancane. Kanca – kancane ngruruhi Hirman, nanging Hirman ora nggagas.
“Hirman nesu tenanan lho cah!”, kandhane Waluyo marang kanca – kancane ing kelas X–7.
“Opo iyo? Mung dibeda ngono wae kok nesu? Ora mutu banget!”, wangsulane Faiz.
“Lha iyo, lha mau dheweke tak ruruhi lan tak takoni ngapa kok mau ora mangkat bareng aku ngono to, dheweke ora njawab banjur lunga tanpa pamitan marang aku”, terange Waluyo.
“Lha wajahe dheweke kepriye? Kaya wong lagi nesu opo ora?”, pitakone Ryan marang Waluyo.
“Biasa wae, tapi sawise tak ajak ngomong dheweke rada mrengut”, wangsulane Waluyo.
“Hirman, hirman mung ngono wae kok nesu”, kandhane Nugroho.
“Iyo yo, mung dibeda ngono wae kok nesu, luwih nganti sedina maneh, duh Gusti Gusti”, sebute Faiz.
“Mengko pas istirahat njaluk pangapura marang Hirman yo cah!”, ajake Waluyo.
“Yo, Ok Ok”, wangsulane Faiz, Ryan, lan Nugroho bebarengan.
***
Ing wektu istirahat, bocah – bocah mau padha nggoleki Hirman ing kantin sekolah, nanging Hirman ora ana. Digoleki menyang warung ngarep sekolah uga ora ana. Bocah – bocah kuwi mau nggoleki Hirman mubeng – mubeng sak sekolahan, ananging tetep ora ketemu.
“Hirman ki ing ngendi to, digoleki ora ketemu – ketemu”, kandhane Nugroho.
“Opo Nug? Kowe nggoleki Hirman. Aku mau ngerti dheweke lagi bal – balan dhewekan ing lapangan mburi sekolah, nendhang – nendhang bal dhewe. Ana apa to? Biasane padha dolanan bareng – bareng, lagi ana masalah to?, terange Siska saka ngarep kelas.
“Hah??? Ternuwun yo Sis, AYO CAH BERAKSI!!!”, ajake Waluyo.
“Yo, padha – padha, ditakoni kok ora njawab!”, wangsulane Siska sinambi maca cerkak ing ngarep kelas.
***
Sawise dikabari Siska, bocah – bocah mau padha tumuju menyang lapangan ngarep sekolah. Kanthi semangat, bocah – bocah kasebut mlayu – mlayu nganti ora sadar yen padha ngidak poster kang arep di pasang ing dhuwur gerbang sekolah.
“Hey, cah awake dhewe ngidak poster iki lho dadi reget, kepriye iki? Mengko nek disengeni pak guru kepriye?”, pitakone Faiz kanthi ndredeg.
“Ahh, yo wis ben ayo mlayu wae, mumpung ora ana pak guru”, wangsulane Nugroho kanthi celingukan.
“Astagfirullahhal’azim, AYO MLAYUUUU!!!!”, bengoke Waluyo.
“Oalah to Waluyo, tak kira kowe arep njaluk pangapura menyang pak guru, jebule . . .”, wangsulane Faiz durung rampung nanging dipedhot Waluyo.
“Kowe kepingin ing kono disengeni pak guru opo mlayu marani Hirman!!!”, bengoke Ryan sinambi mlayu ing dalan.
“Wah, aku ditinggal!!! CAH ENTENI AKU!!!!”, bengoke Faiz.
***
Tekan lapangan ing ngarep sekolah, bocah – bocah mau pada celingukan nggoleki Hirman. Bocah – bocah mau padha bengak – bengok nyeluki Hirman.
“HIRMAN!!!!HIRMAN!!!!”, bengoke Waluyo.
“HIRMAN!!! Goleki Waluyo...”, kandhane Faiz.
“Hey, kowe ki kepriye to, sing nggoleki Hirman ki awake dhewe, dudu Waluyo thok”, kandhane Nugroho.
“Sory bro, mung guyon”, kandhane Faiz.
Let sedhela, Hirman teka lan marani bocah 4 mau.
“Hey, kowe padha ngapa ing kene??”, pitakone Hirman marang bocah – bocah mau.
“Hirman, aku njaluk pangapura ya, wingi kae aku wis nggawe kowe nesu”, kandhane Waluyo.
“Ho’o aku njaluk pangapura ya”, kandhane Nugroho, Ryan, lan Faiz bebarengan.
“Ngapa kowe padha njaluk pangapura? Kowe ki ora nduwe salah apa – apa marang aku, kudune aku sing njaluk pangapura marang kowe kabeh, amarga wingi aku wis nesu tanpa alesan sing jelas marang kowe kabeh”, terange Hirman.
“Hah?? Dadine kowe ora nesu marang awake dhewe?”, pitakone Nugroho.
“Ora, aku njaluk ngapura yo cah”, panjaluke Hirman.
“Iya ora apa – apa, lha kowe wingi nesu amarga apa?”, pitakone Faiz.
“Aku wingi lagi mikirake tugas – tugas sekolah kang numpuk, saking mumete aku dadi nesu – nesu dhewe ora jelas”, terange Hirman.
“Oalah to Man Man, ngono to”, kandhane Nugroho.
“Ya wis, sesuk nggarap tugas bareng – bareng yo, rekane nyicil – nyicil ngono”, ajake Waluyo.
“Ok Sip”, kandhane Ryan
“Sesuk nggarap ing warunge bu Dul, sisan maem – maem, mengko tak bayari kabeh”, ajake Faiz.
“Hah? Ok, yen ngono kuwi aku paling seneng!”, kandhane Nugroho.
“Aku njaluk pangapura yo cah, amarga aku kowe kabeh padha bingung”, panjaluke Hirman.
“Iyo, Hirman”, wangsulane Faiz, Nugroho, Ryan, lan Waluyo kanthi bebarengan.
Sawise iku, bocah 5 mau padha akur maneh. Malah bocah 5 mau samsaya cedhak kekancane. Ing sekolah, ing lapangan, lan ing ngendi – ngendi, bocah 5 mau mesthi wae nemplek kaya lem. Mung amarga salah kira wae nganti padha bingung.

Unsur Crita:
1.    Tema              : Kekancan
2.    Paraga            :
a.    Hirman      :
§  Gampang nesu
§  Nggemblung
b.    Waluyo      :
§  Gapyak
§  Ora tanggung jawab
c.     Nugroho   :
§  Seneng ngomongke kancane
§  Ora tanggung jawab
d.    Faiz            :
§  Apikan marang kanca
§  Weden
§  Seneng guyon
e.    Ryan          :
§  Seneng ngece kanca
§  Seneng ngomongke kanca
§  Seneng mbeda
§  Ora tanggung jawab
f.      Siska          :
§  Apikan
3.    Setting            :
a.    Papan        :
§  Lapangan
§  Warung Bu Dul
§  Kelas X – 7
§  Lapangan ngarep sekolah
b.    Wektu        :
§  Jam 3 sore
§  Wektu Istirahat
c.     Suasana         :
§  Rame
§  Nrenyuhake
4.    Alur                : Maju
5.    Pitutur Luhur        :
a.    Aja sok nggemblung!
b.    Aja ngece kanca dhewe!
c.     Aja gampang nesu marang wong liya!
d.    Aja ngomongake kekurangane wong liya!
e.    Yen duwe salah, kudu njaluk pangapura!
f.      Kita kudu tanggung jawab marang kabeh kaluputane dhewe – dhewe!
g.    Yen ana masalah, apike ora dipendhem dhewe!
6.    Pungkasaning Crita :
Seneng
7.    Cara Nyritakake :
Wong katelu

Komentar

Posting Komentar

Postingan Populer