Khasiat Pace atau Mengkudu
BAHASA INDONESIA
Mengkudu mempunyai nama lokal: Mengkudu (Indonesia),
Pace, Kemudu, Kudu (Jawa); Cengkudu (Sunda), Kodhuk (Madura), Wengkudu (Bali). Buah
buni tumbuhan mengkudu yang telah masak mempunyai aroma yang tidak sedap, namun
mempunyai macam – macam zat yang
berkhasiat untuk pengobatan. Zat yang ada yaitu morinda diol, morindone,
morindin, damnacanthal, metil asetil, asam kapril dan sorandiyiol.
Karena mempunyai zat tersebut mengkudu dapat untuk
mengobati macam-macam penyakit, contohnya :
1.
Hipertensi atau darah tinggi
2.
Sakit Kuning
3.
Demam (masuk angin
dan infuenza)
4.
Batuk
5.
Sakit Perut
6.
Menghilangkan
sisik pada kaki
BASA JAWA
NGOKO LUGU
Pace nduweni
jeneng lokal : mengkudu (Indonesia), Pace, Kemudu, Kudu (Jawa); Cengkudu (Sunda), Kodhuk (Madura),
Wengkudu (Bali). Woh buni wit pace sing wis mateng nduweni ambu sing ora enak,
nanging nduweni aneka zat kang manfaate kanggo pengobatan. Zat kang ana yaiku
morinda diol, morindone, morindin, damnacanthal, metil asetil, asam kapril lan
soran diyiol.
Amarga nduweni zat iku pace bisa
kanggo ngobati maneko warna lelara. Tuladhane:
1. Hipertensi utawa darah tinggi
2. Lara kuning
3. Lara panas
4. Lara watuk
5. Lara weteng
6. Ngilangake sisik ing sikil
BASA JAWA
KRAMA INGGIL
PACE (Morinda citrifolia) kalebet
jenisipun kopi – kopian. Pace saget gesang wonten dataran rendah ngantos
kainggilan siti 1500 meter wonten nginggil toya laut. Pace inggih menika taneman
asli saking Indonesia. Taneman menika gadhah batang kang mboten ageng sanget, inggilipun taneman
inggih menika 3–8 m. Ronipun tumpuk undung adep-adepan, panjang ronipun 20–40
cm kaliyan wiyaripun 7–15 cm. Kembangipun arupi kembang bongkol ingkang alit –
alit wernanipun pethak. Wohipun gadhah werna ijem kaliyan arupi woh buni ingkang
arupi lonjong ngangge trotol – trotol. Wohipun kathah kaliyan alit – alit wonten
ing nglebet daging. Racakipun taneman pace gesang kanthi bero wonten ing wono –
wono utawi di tanem tiyang wonten ing sakiwa tengenipun griya.
Pace gadhah
asma lokal: mengkudu (Indonesia), Pace, Kemudu, Kudu (Jawa); Cengkudu (Sunda), Kodhuk (Madura),
Wengkudu (Bali). Wohipun buni taneman pace ingkang sampun mateng gadhah ambetipun
ingkang mboten sedhep, ananging gadhah aneka zat ingkang manfaatipun kangge
pengobatan. Zat ingkang wonten inggih menika morinda diol, morindone, morindin,
damnacanthal, metil asetil, asam kapril kaliyan sorandiyiol.
Amargi gadhah zat menika, pace saged
kangge ngobati werni – werni lelara. Tuladhanipun :
1. Hipertensi utawi darah tinggi
2. Gerah kuning
3. Gerah panas
4. Gerah cekoh
5. Gerah padharan
6. Mbucal sisik wonten ing suku
Komentar
Posting Komentar