Naskah Drama Basa Jawa - Janji Mas Andre



Naskah Drama Basa Jawa





Judul                        :  Janji Mas Andre
Paraga                      :
  1. Andre Eryawan Ahmad Rifki         dadi       Andre, kangmase Linda
  2. Asni Askariawati                           dadi       Mbokdhe Parti, tanggane Andre
  3. Linda Permata Sari                        dadi       Linda, adhine Andre
  4. Riano Bagaskara                           dadi       Kyai Mahfud Bagaskara
  5. Sri Palupi                                      dadi       Mbokdhe Yani, tanggane Andre
Carita                       :
Sawijining dina, Andre lan Linda menyang lapangan golek angin seger. Andre lagi nyenden ing salah sawijining wit karo nutup mripate. Ora sadar yen ono wong mlaku neng mburine.
Linda                     : “Doorrrr!!!” (Linda ngagetake kangmase, terus ngguyu amarga awake masne oleng amarga Linda).
Andre                     : “Ow, nduk Linda ta. Kene kowe tak hukum sek” (Andre tangi ngoyak adhine kang wis ngadoh).
Linda                     : “Weekkk, nak isoh cekelan mas” (Linda mbeletake ilat terus ngguyu karo mlayu).
Andre                     : “Aku mesti isoh nyekel kowe” (mlayu karo mbatin, Ya Allah, mugo adhiku bisa ngguyu koyo ngene terus adhiku alesan ku urip, alesanku ngguyu, seneng – seneng)
Uripe Andre rasane nyenengake amarga ana adhine kang isoh gawe seneng. Andre gemati banget marang adhine, amarga wong tuwane loro wis seda, dadi Andre njaga banget atine adhine, kang lucu, manis, lan ayu iku.
Linda                     : “Wah, ketoke peleme enak” (seneng).
Mbokdhe Parti       : “Ih kowe, kowe nyolong pelemku yo, cah cilik” (Linda ketahuan).
Linda                     : “Maksude napa mbokdhe? Kula . . . “ (Nunjuk awake dhewe).
Mbokdhe Parti       : “Iyo, kowe pikir kuntilanak sing ing wit kuwi?”
Linda                     : “Emang mriki enten kuntilanak mbokdhe? Hihihi (wedi).
Mbokdhe Parti       : “Omongan karo cah cilik pancen ora nyambung (mijet sirahe), pokoke intine kowe arep nyolong pelemku ta? Ngaku ora kowe?”
Linda                     : “Kula nyolong? Mboten kok mbokdhe. Kula namung methik pelem niki”.
Mbokdhe Parti       : “Pada wae, mbok kandha sik nek arep njaluk ki. Ora nyomat – nyomot sak karepe dhewe ngono.
Linda                     : “Emang, nak kula matur riyin, kula angsal mendhet pelem niki?”
Mbokdhe Parti       : “OORRRAAA!!!”
Linda                     : “Lak nggih mpun jelas ta mbokdhe, katimbang kula matur mboten angsal, mending kula langsung mendhet”.
Mbokdhe Parti       : “Aish, pancen wong tuwamu kuwi ora isoh ndidik kowe, mulane dadi wong kang seneng nyolong”.
Linda                     : “Napa maksude njenengan, mbokdhe? (Arep nangis)
Mbokdhe Parti       : “Maksudku? Maksudku, wong tuwamu ora pecus ngurus kowe!!”
Linda                     : “Mbokdhe, njenengan mboten usah nggawa – nggawa asmane ibu kalih bapak, tiyang sepuh kula niku sae!!!!”
Mbokdhe Parti       : “Apik kok anake kaya ngene”
Linda                     : “Mbokdhe, ampun mentang – mentang njenengan luwih tuwa saking kula, bisa sak karepe dhewe. Jogonen omongane njenengan (saking emosine, Linda nganti lali yen ora basa marang Mbokdhe Parti. Linda mlayu karo nangis).
Ing ngomah, Linda nekuk dengkule. Sirahe ing dhuwur dengkul karo nangis.
Linda                     : “Buk, Pak, aku kangen kowe. Aku pengen ketemu, hiks, hiks. Napa bapak ninggalake aku karo mas Andre? Apa bapak serik karo awak dhewe? Mulane ibu ora ngajak aku . . . , hiks, hiks . . . Aku janji ora bakal nakal meneh, aku janji dadi anak sing manut, hiks, balio pak, buk . . . Hiks.
Andre kang weruh adhine nangis ing mburi tembok, pengen melu nangis. Andre ngerti perasaane adhine kang isih cilik sing wis ditinggal wong tuwane.
Linda lagi nganggo sepatune karo mripate bengkak amarga nangis dek wingi.
Andre                     : “Loh, napa adhiku iki mrengut hemm”
Linda                     : “Rapapa” (jawabe cuek, tanpa nyawang kangmase).
Andre                     : “Mengko pipimu tambah tembem lho, nek mrengut terus”
Linda                     : “Yos ben”
Andre                     : “Kok jawabane nganyeli ta, kowe wis ora sayang meneh karo kangmas yo?”
Linda                     : “ . . . ”
Andre                     : “Okey, kowe ora sayang mas, mas lungo”
Linda                     : “Aja . . . aja ninggalake aku hiks, mas” (ngalangi masne).
Andre                     : “Cup . . Cup . . aku ora bakal ninggalake kowe nduk, ningo aja nesu karo mas koyo mau yo”.
Linda                     : “Ora . .. hiks. . . ora, aku ra bakal nesu karo mas heh” (nggeleng – nggelengake sirah).
Andre                     : “Adhine mas pinter, wis saiki ngguyu sek”
Linda                     : “Emohh”
Andre                     : “Yowis tak tinggal lho. Aku wegah duwe adhi sing mrengut wae, koyo . . . . “
Linda                     : (ngguyu) “Wis to”.
Andre                     : “Duwe adhi kok lucune kaya ngene, hahhaha”
Mbokdhe Yani menyang omahe Andre, arep nagih dhuwit kontrakan.
Mbokdhe Yani       : “Assalamualaikum . . .” (ndodok lawang)
Mbokdhe Yani       : “Andre . . Andre . . ”
Andre                     : “Oh, mbokdhe. Enten napa?”
Mbokdhe Yani       : “Ora usah sok linglung, kowe nunggak kontrakan”
Andre                     : “Oh, ngapunten mbokdhe sakniki kula dereng gadhah arta”
Mbokdhe Yani       : “Wulan wingi omong lali, saiki omong ora duwe dhuwit. Kerepmu ki piye?” (nyengeni)
Andre                     : “Ngapunten sanget. Niki kula taksih usaha pados arta mbokdhe”
Mbokdhe Yani       : “Halah, ora usah kakehan alesan, nak kowe ora duwe dhuwit yo ora usah ngontrak”
Pak Kyai                : “Assalamualaikum . . .”
Andre, Mbokdhe   : “Walaikumsalam” (bareng)
Yani
Pak Kyai                : “Enten napa kok ribut – ribut?”
Mbokdhe Yani       : “Niki lhe Pak Kyai, Andre nunggak kontrakan 3 wulan nanging mboten dibayar”
Andre                     : “Mboten ngoten maksude Pak, sakniki kula pancen dereng gadhah arta dadosipun kula dereng mbayar”
Mbokdhe Yani       : “Nah niku Pak, alesan mawon ta?”
Pak Kyai                : “Ngeten buk, mangga sareng – sareng dingendikakake sae – sae. Mboten kepenak ta menawi dimirengake kiwa tengen”
Mbokdhe Yani       : “Lha pripun ta Pak, dingendikakaken apik – apik nggih mboten wonten hasile. . . “
Pak Kyai                : “Nggih mpun nak ngoten, sing penting nak Andre wis janji arep mbayar ta? Dadi ora usah ribut maneh.”
Mbokdhe Yani       : “Nggih mboten saged ngoten ta Pak. Kula niki nggih butuh arta kangge mbutuh”
Pak Kyai                : “Emang nunggak pinten wau?”
Mbokdhe Yani       : “3 wulan, dadose 1,2 juta.”
Pak Kyai                : “Nggih mpun, kula bayar separo riyin, mangkih sisane dibayar Andre”
Andre                     : “Matur nuwun sanget nggih Pak” (Nyalami Pak Kyai)
Pak Kyai                : “Padha - padha le, tetep sregep sing shalat, ben rezekine tambah lancar”
Andre                     : “Nggih matur nuwun sangat Pak”
Pak Kyai                : “Kangge Bu Yani, pancen njenengan butuh arta nanging sampun sak pantese awak dhewe niku mbantu lare yatim piatu, mboten malah sak karepe dhewe. 

وَوَجَدَكَ عَائِلا فَأَغْنَى
 
Uga Allah mriksani panjenengan dados tiyang ingkang kekirangan, lajeng Allah nyukakaken kecekapan. (surat Adh – Dhuha ayat 8).
 فَأَمَّا الْيَتِيمَ فَلا تَقْهَرْ 
Amargi punika, marang lare yatim ampun sak kajengipun piyambak. (surat Adh – Dhuha ayat 9).
Pak Kyai                : “Sampun ngertos ta bu?”
Mbokdhe Yani       : “Nggih Pak. Aku njaluk ngapura yo le wis nagih karo nggetak – nggetak. Iki aku lagi mbutuhake dhuwit dadi pengene emosi”,
Andre                     : “Mboten napa – napa mbokdhe, kula saged maklumi”
Mbokdhe Yani       : “Matur nuwun nggih, kula pareng riyin”
Andre                     : “Nggih, mangga”
Sesuk ulang tahune Linda kaping 13. Kangmase, Mbokdhe Yani, Mbokdhe Parti, Pak Kyai padha nyiapake piranti kanggo menehi kejutan kanggo Linda.
Setu, tanggal 28 Desember 2013. Dina iki yaiku dina ulang tahune Linda, Kangmase, Mbokdhe Yani, Mbokdhe Parti, Pak Kyai menehi kejutan kanggo Linda.
Mbokdhe Parti       : (Ngetik SMS) “Le, aku wis nang ngarep omahmu”
Andre                     : “Nggih mbokdhe, sekedap” (Andre mbukak lawang) “ssttt”
Mbokdhe Yani       : “Iki le, rotine”
Andre                     : “Mangga mbokdhe, lek mblebet mawon” (kabeh padha mlebu menyang kamare Linda)
Kabeh                    : “Sugeng ambal warsa . . . Sugeng ambal warsa . . .” (Nyanyi lagu ambal warsa. Linda tangi karo ngucek mripate)
Andre                     : “Sugeng ambal warsa, Linda”
Linda                     : “Mas Andre . . . “ (lirih)
Andre                     : “Nduk, slamet ulang tahun yo, aja nakal, dadi bocah sing pinter, luwih isoh ngerteni keadaane awakdhewe.”
Linda                     : “Iyo mas, aku janji bakal dadi apa sing mbok karepke. Aku sayang mas Andre”
Andre                     : “Aku iyo sayang kowe”
Kabeh                    : “Awakdhewe iyo sayang kowe”
Nalika Andre lagi kerja golek dhuwit. Linda mbukak kado sing diparingake masne. Terus diwaca isine kertas.
Kanggo Linda adhiku,
Ora dinyana wis semene suwene
Aku lan sliramu nandang duhkita
Ditinggal dening Bapa lan Ibu
Kasih sayang sing kudune
Isih mbok rasakke saka wong tua
Saiki wis ora isoh mbok duweni
Nanging aku janji, Nduk
Bakal ngancani kowe
Bakal ndidik kowe
Bakal dadi kanca kang ngrungokake ceritamu
Bakal dadi Ibu kang ngerteni kowe
Bakal dadi Bapak kang nafkahi kowe
Bakal dadi Kangmas kang nasehati kowe
Lan aku janji bakal gawe esemmu saklawase J
Laramu . . . Laraku . . .
Senengmu . . . Senengku . . .
Sedhihmu . . . Sedhihku . . .
Aja rumangsa dhewe
Amarga aku ana nggo kowe . . . saklawase . . .
Mas Andre sayang kowe . . .

Saka Masmu

Sawise maca tulisan mau, Linda langsung nangis.

TAMAT

Komentar

Postingan Populer