Cerkak
SALAH KIRA
Ing Jl. Sumbedo
nomer 32, ana bocah kang lagi dolanan bal – balan ing latar omahe karo bapake.
Ing dalan kasebut uga ana wong 5 kang lagi nyambut gawe yaiku mas Agus, pak
Subyo, mas Bowo, pak Darwan, lan pak Suyitno kang lagi nggawe omah .
Bocah kang lagi
dolanan bal – balan mau jenenge Hirman, bocah iku ora gelem meneng babar blas.
Saben dina kagiatane namung bal – balan wae. Yen ora dolanan bal – balan,
kagiatane nonton bal – balan ing TV utawa nonton Tendangan Si Madun ing MNC TV.
Saben dina isine mung bal – balan wae, nganti ora jeleh.
Wong tuwane nganti
ora bisa nglarang anake sing enom dewe iku dolanan bal – balan amarga Hirman
seneng banget karo bal – balan uga jalaran Hirman iku wong kang gampang nesu
yen dikandhani wong liya.
ŒŒŒ
Sawijining dina jam
3 sore, Hirman bal – balan karo kancane ing lapangan. Kelompoke Hirman nglawan
kelompoke Faiz. Wis telung prapat mainan, uga durung gol. Jalaran mangkono
kuwi, 2 kelompok mau padha saingan kanthi ngos – ngosan. Nugroho saka kelompoke
Faiz ngrebut bal saka Hirman kanthi ngos
– ngosan.
Lan asile, Nugroho
bisa ngrebut bal iku lan langsung mlayu kaya jaran tumuju ing gawange kelompoke
Hirman kang dijaga kiper kang jenenge Waluyo. Nanging bal sing digawa Nugroho
mau bisa dibrabat Hirman tanpa mbuwang tenaga kang akeh. Bal mau langsung
digawa mlayu lan ditendang Hirman ing gawang lawan.
“Tendangan Macan
TUTUL”, bengoke Hirman nggango gaya kaya ing ‘Tendangan Si Madun’.
“Gayamu ki lho
Man!”, kandhane Nugroho.
“Yo ben to, apik
kok!”, wangsulane Hirman.
“Gayamu ki ora
sembodo karo tendanganmu Man, ora mlebu gawang lan bisa tak cekel kanthi
gampang”, kandhane kipere kang jenenge Ryan kanthi ngece Hirman.
“Mboh, yo ben to
karep – karepku, opo urusanmu?”, wangsulane Hirman sinambi nesu.
“Aku ki mung
ngandhani, ngapa kowe nesu?”, kandhane Ryan.
“Ahh, mboh”,
wangsulane Hirman kanthi lunga ninggalake kanca – kancane.
***
Sawise Hirman
lunga, Nugroho, Waluyo, lan kanca – kanca liyane uga padha mulih. Nanging ing
perjalanan mulih, padha mampir ana ing warung bu Dul. Ana ing warung bu Dul
padha ngerumpi werna – werna.
“Cah, hirman ki kok
gampang nesu yo?”, pitakone Ryan.
“Wis suwe!!”,
wangsulane Waluyo lan Nugroho bebarengan.
“Lha wong tuwane kepriye
yo cah? Opo betah ngandhani Hirman? Lha wong mung dibeda wae nesu”, terange
Ryan.
“Ho’o, mbiyen ibune
ki ngidam opo yo? Kok anake nganti koyo mangkono”, kandhane Nugroho.
“Huss, aja ngono
kuwi ngomongke kancane dhewe iku ora becik”, kandhane Faiz.
“Inggih mas Faiz .
. . , karo kanca kok apikan banget to Iz Iz”, kandhane Waluyo.
………
Dina Senen Faiz,
Waluyo, Ryan, lan Nugroho padha sekolah, nanging beda karo biasane Hirman ora
bareng karo kanca – kancane amarga isih nesu karo kanca – kancane jalaran wektu
bal – balan wingi.
Ana ing sekolahan
uga ngono, Hirman ora ngruruhi kanca – kancane. Kanca – kancane ngruruhi
Hirman, nanging Hirman ora nggagas.
“Hirman nesu
tenanan lho cah!”, kandhane Waluyo marang kanca – kancane ing kelas X–7.
“Opo iyo? Mung
dibeda ngono wae kok nesu? Ora mutu banget!”, wangsulane Faiz.
“Lha iyo, lha mau
dheweke tak ruruhi lan tak takoni ngapa kok mau ora mangkat bareng aku ngono
to, dheweke ora njawab banjur lunga tanpa pamitan marang aku”, terange Waluyo.
“Lha wajahe dheweke
kepriye? Kaya wong lagi nesu opo ora?”, pitakone Ryan marang Waluyo.
“Biasa wae, tapi
sawise tak ajak ngomong dheweke rada mrengut”, wangsulane Waluyo.
“Hirman, hirman
mung ngono wae kok nesu”, kandhane Nugroho.
“Iyo yo, mung
dibeda ngono wae kok nesu, luwih nganti sedina maneh, duh Gusti Gusti”, sebute
Faiz.
“Mengko pas
istirahat njaluk pangapura marang Hirman yo cah!”, ajake Waluyo.
“Yo, Ok Ok”,
wangsulane Faiz, Ryan, lan Nugroho bebarengan.
***
Ing wektu
istirahat, bocah – bocah mau padha nggoleki Hirman ing kantin sekolah, nanging
Hirman ora ana. Digoleki menyang warung ngarep sekolah uga ora ana. Bocah –
bocah kuwi mau nggoleki Hirman mubeng – mubeng sak sekolahan, ananging tetep
ora ketemu.
“Hirman ki ing
ngendi to, digoleki ora ketemu – ketemu”, kandhane Nugroho.
“Opo Nug? Kowe
nggoleki Hirman. Aku mau ngerti dheweke lagi bal – balan dhewekan ing lapangan
mburi sekolah, nendhang – nendhang bal dhewe. Ana apa to? Biasane padha dolanan
bareng – bareng, lagi ana masalah to?, terange Siska saka ngarep kelas.
“Hah??? Ternuwun yo
Sis, AYO CAH BERAKSI!!!”, ajake Waluyo.
“Yo, padha – padha,
ditakoni kok ora njawab!”, wangsulane Siska sinambi maca cerkak ing ngarep
kelas.
***
Sawise dikabari
Siska, bocah – bocah mau padha tumuju menyang lapangan ngarep sekolah. Kanthi
semangat, bocah – bocah kasebut mlayu – mlayu nganti ora sadar yen padha ngidak
poster kang arep di pasang ing dhuwur gerbang sekolah.
“Hey, cah awake
dhewe ngidak poster iki lho dadi reget, kepriye iki? Mengko nek disengeni pak
guru kepriye?”, pitakone Faiz kanthi ndredeg.
“Ahh, yo wis ben
ayo mlayu wae, mumpung ora ana pak guru”, wangsulane Nugroho kanthi celingukan.
“Astagfirullahhal’azim,
AYO MLAYUUUU!!!!”, bengoke Waluyo.
“Oalah to Waluyo,
tak kira kowe arep njaluk pangapura menyang pak guru, jebule . . .”, wangsulane
Faiz durung rampung nanging dipedhot Waluyo.
“Kowe kepingin ing
kono disengeni pak guru opo mlayu marani Hirman!!!”, bengoke Ryan sinambi mlayu
ing dalan.
“Wah, aku
ditinggal!!! CAH ENTENI AKU!!!!”, bengoke Faiz.
***
Tekan lapangan ing
ngarep sekolah, bocah – bocah mau pada celingukan nggoleki Hirman. Bocah –
bocah mau padha bengak – bengok nyeluki Hirman.
“HIRMAN!!!!HIRMAN!!!!”,
bengoke Waluyo.
“HIRMAN!!! Goleki
Waluyo...”, kandhane Faiz.
“Hey, kowe ki
kepriye to, sing nggoleki Hirman ki awake dhewe, dudu Waluyo thok”, kandhane
Nugroho.
“Sory bro, mung
guyon”, kandhane Faiz.
Let sedhela, Hirman
teka lan marani bocah 4 mau.
“Hey, kowe padha
ngapa ing kene??”, pitakone Hirman marang bocah – bocah mau.
“Hirman, aku njaluk
pangapura ya, wingi kae aku wis nggawe kowe nesu”, kandhane Waluyo.
“Ho’o aku njaluk
pangapura ya”, kandhane Nugroho, Ryan, lan Faiz bebarengan.
“Ngapa kowe padha
njaluk pangapura? Kowe ki ora nduwe salah apa – apa marang aku, kudune aku sing
njaluk pangapura marang kowe kabeh, amarga wingi aku wis nesu tanpa alesan sing
jelas marang kowe kabeh”, terange Hirman.
“Hah?? Dadine kowe
ora nesu marang awake dhewe?”, pitakone Nugroho.
“Ora, aku njaluk
ngapura yo cah”, panjaluke Hirman.
“Iya ora apa – apa,
lha kowe wingi nesu amarga apa?”, pitakone Faiz.
“Aku wingi lagi
mikirake tugas – tugas sekolah kang numpuk, saking mumete aku dadi nesu – nesu
dhewe ora jelas”, terange Hirman.
“Oalah to Man Man,
ngono to”, kandhane Nugroho.
“Ya wis, sesuk
nggarap tugas bareng – bareng yo, rekane nyicil – nyicil ngono”, ajake Waluyo.
“Ok Sip”, kandhane Ryan
“Sesuk nggarap ing
warunge bu Dul, sisan maem – maem, mengko tak bayari kabeh”, ajake Faiz.
“Hah? Ok, yen ngono
kuwi aku paling seneng!”, kandhane Nugroho.
“Aku njaluk
pangapura yo cah, amarga aku kowe kabeh padha bingung”, panjaluke Hirman.
“Iyo, Hirman”,
wangsulane Faiz, Nugroho, Ryan, lan Waluyo kanthi bebarengan.
Sawise iku, bocah 5
mau padha akur maneh. Malah bocah 5 mau samsaya cedhak kekancane. Ing sekolah,
ing lapangan, lan ing ngendi – ngendi, bocah 5 mau mesthi wae nemplek kaya lem.
Mung amarga salah kira wae nganti padha bingung.
”””
Unsur Crita:
1. Tema : Kekancan
2. Paraga :
a. Hirman :
§ Gampang nesu
§ Nggemblung
b. Waluyo :
§ Gapyak
§ Ora tanggung
jawab
c. Nugroho :
§ Seneng
ngomongke kancane
§ Ora tanggung
jawab
d. Faiz :
§ Apikan
marang kanca
§ Weden
§ Seneng guyon
e. Ryan :
§ Seneng ngece
kanca
§ Seneng
ngomongke kanca
§ Seneng mbeda
§ Ora tanggung
jawab
f. Siska :
§ Apikan
3. Setting :
a. Papan :
§ Lapangan
§ Warung Bu
Dul
§ Kelas X – 7
§ Lapangan ngarep
sekolah
b. Wektu :
§ Jam 3 sore
§ Wektu
Istirahat
c. Suasana :
§ Rame
§ Nrenyuhake
4. Alur : Maju
5. Pitutur
Luhur :
a. Aja sok
nggemblung!
b. Aja ngece
kanca dhewe!
c. Aja gampang nesu
marang wong liya!
d. Aja ngomongake
kekurangane wong liya!
e. Yen duwe
salah, kudu njaluk pangapura!
f. Kita kudu
tanggung jawab marang kabeh kaluputane dhewe – dhewe!
g. Yen ana
masalah, apike ora dipendhem dhewe!
6. Pungkasaning
Crita :
Seneng
7. Cara
Nyritakake :
Wong
katelu
Nice one. Arigato gozaimasu, taskete (>U<)
BalasHapusNice one. Arigato gozaimasu, taskete (>U<)
BalasHapusNice one. Arigato gozaimasu, taskete (>U<)
BalasHapus